BATHIK MELATEN ING DESA KEDUNGMLATEN KECAMATAN LENGKONG KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN FOLKLOR)
BATHIK MELATEN IN KEDUNGMLATEN VILLAGE LENGKONG SUBDISTRICT NGANJUK REGENCY (A FOLKLORE PERSPECTIVE)
ABSTRAK
BATHIK MELATEN ING DESA KEDUNGMLATEN
KECAMATAN LENGKONG KABUPATEN NGANJUK
(TINTINGAN FOLKLOR)
Jeneng : Alya Dwi Cahyani
NIM : 22020114029
Prodi : S1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa
Fakultas : Basa lan Seni
Lembaga : Universitas Negeri Surabaya
Pembimbing : Drs. Sukarman, M. Si
Taun : 2026
Panliten iki ngrembug Bathik Melaten ing Desa Kedungmlaten, Kecamatan Lengkong, Kabupaten Nganjuk kanthi tintingan folklor dudu lesan. Panliten iki nduweni ancas kanggo njlentrehake mula bukane lan wujude Bathik Melaten, makna simbolik ing saben motif, piguna Bathik Melaten tumrap masyarakat, proses pangrembakane, lan upaya-upaya nglestarekake. Metodhe kang digunakake yaiku dheskriptif kualitatif kanthi teknik nglumpukake dhata awujud wawancara, pangematan (observasi), lan dhokumentasi. Asil panliten nuduhake menawa Bathik Melaten lair saka rasa tresna masyarakat marang budaya lokal lan kepinginan kanggo ngangkat identitas dhaerah. Motif-motif Bathik Melaten njupuk inspirasi saka lingkungan alam, asil tetanen, lan sejarah lokal Kabupaten Nganjuk.
Panlien ngenani Bathik Melaten ditindakake minangka wujud rasa syukur marang Gusti amerga sampun paring berkah lan panguripan marang masyarakat Kabupaten Nganjuk. Underan Panliten kaya dene, 1) Kepriye mula bukane, 2) Kepriye makna, 3) Kepriye piguna, 4) Kepriye pangrembakane, 5) Kepriye upaya pangrembakane. Saka asiling panliten Bathik Melaten kang wis ditliti nggunakake metodhe primer lan sekunder uga bisa ngasilake makna kang bisa kadudut piwulang ngenani budaya Jawa.
Bathik Melaten ora mung dipigunakake minangka sandhangan, nanging uga nduweni piguna minangka sarana nglestarekake budaya, pambentukan identitas lokal, media pendhidhikan, lan sumber panguripan masyarakat. Pangrembakane Bathik Melaten ditandhani saka inovasi motif lan cara pemasaran, sanajan isih nemoni tantangan ing babagan pemanfaatan teknologi digital. Mula saka kuwi, Bathik Melaten nduweni nilai budaya, sosial, lan ekonomi kang wigati lan perlu dilestarekake minangka warisan budaya lokal.
Tembung Wigati: Folklor Dudu Lesan, Makna Simbolis, Nilai Filosofis, Simbol Budaya
ABSTRACT
MELATEN BATIK IN KEDUNGMLATEN VILLAGE,
LENGKONG SUB-DISTRICT, NGANJUK REGENCY
(FOLKLORIC PERSPECTIVE)
Name : Alya Dwi Cahyani
Student ID : 22020114029
Study Program : S1 Javanese Language and Literature Education
Faculty : Language and Arts
Institution : Universitas Negeri Surabaya
Advisor : Drs. Sukarman, M. Si
Year : 2026
This study examines Melaten Batik in Kedungmlaten Village, Lengkong Sub-district, Nganjuk Regency from a non-oral folklor perspective. The purpose of this study is to describe the origins and forms of Melaten Batik, the symbolic meanings contained in each motif, the functions of Melaten Batik for the community, its development process, and preservation efforts. The research employed a descriptive qualitative method with data collection techniques consisting of interviews, observations, and documentation. The findings indicate that Melaten Batik emerged from the community’s love for local culture and the desire to strengthen regional identity. The motifs of Melaten Batik are inspired by the natural environment, agricultural products, and the local history of Nganjuk Regency.
This research on Melaten Batik was conducted as an expression of gratitude to God for the blessings and livelihood bestowed upon the people of Nganjuk Regency. The research questions include: (1) the origins of Melaten Batik, (2) its symbolic meanings, (3) its functions, (4) its development, and (5) efforts to promote and sustain its development. Based on the results obtained through primary and secondary data, the study reveals meanings that can be drawn as cultural lessons reflecting Javanese values.
Melaten Batik is not only used as clothing but also functions as a medium for cultural preservation, the formation of local identity, educational purposes, and a source of livelihood for the community. The development of Melaten Batik is characterized by motif innovation and marketing strategies, although challenges remain in the utilization of digital technology. Therefore, Melaten Batik possesses significant cultural, social, and economic value and should be preserved as a local cultural heritage.
Keywords: Non-Oral Folklor, Symbolic Meaning, Philosophical Values, Cultural Symbols